Kapiye? | Geguritan

> > > Kapiye? | Geguritan | Puisi Jawa < < <

Pena iki wis kumpul dadi siji
Nari-nari nang ndhuwur kertas pethak
Nanging menapa mung nuliskake tembung-tembung
sing nyesekke ati?
Apa pena iki sing salah?
Apa tanganku sing kaku arep nulis tembung liyane?

Mung kertas pethak niki ingkang dados rencang kula
mboten tau protes marang menapa ingkang ndak tulis
Lan bisa njaga rahasia

Dalan niki pancen peteng 
Nanging kudu kapriye meneh?
Dalan niki kabangun kanggeh kula
Menapa iseh wonten dalan liyane,Gusti?
Menapa namung dalan niki siji-sijine?

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Jaman Saiki | GEGURITAN | Puisi Jawa

Enjang | GEGURITAN | Puisi Jawa

Museum Diponegoro Yogyakarta